Kamis, 23 Mei 2019

Pawarta

PAWARTA

Tuladha pawarta pentas kethoprak Gelar Seni  Pendidikan Basa Jawa 2016

Pawarta yaiku informasi anyar, informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.

Ciri-Ciri utawa titenan pawarta yaiku:
  1. Tinemu ing akal (penalaran logis)
  2. Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W+1H
  3. Struktur basa trep
  4. Diksi trep ora ambigu
  5. Narik kawigaten
  6. Basa kang nengsemake
Perangan Pawarta:
  1. Headline (judul/irah-irahan)
  2. Deadline (bates wektu)
  3. Lead (teras pawarta)
  4. Body Language (surasane pawarta)
Unsur-unsur Pawarta
  1. What (apa)
  2. Where (ing ngendi)
  3. When (kapan)
  4. Why (ngapa)
  5. Who (sapa)
  6. How (kepriye)
Sipat Pawarta
  1. Aktual (anyar).
  2. Jarak (adoh/cedhak)
  3. Akibat
  4. Penting
  5. Congkrah/ konflik
  6. Tintrim (katrangan)
  7. Emosi
  8. Humor
  9. Kemajuan teknologi lan inovasi
Etika Nulis Pawarta
  1. Objektif
  2. Cover both side
Nilai Pawarta
Ana patang nilai pawarta miturut Syamsul M. Romli, yaiku:
  1. Cepet, yaiku aktual lan pas wetune.
  2. Nyata.
  3. Penting.
  4. Narik kawigaten.
Teknik utawa Tahap Nulis Pawarta
  1. Nglumpukake fakta utawa data.
  2. Nemtokake teras berita (lead).
  3. Milih tembung kang jmbuh karo pawarta.
  4. Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.
Pawarta bisa disiarake lumantar:
  1. Koran/ariwarti
  2. Majalah/kalawarti
  3. Radio
  4. Televisi 
  5. Internet (media sosial)
Ing ngisor iki tuladha pawarta.